Wednesday 6 May 2009

PSIS Bubar, Piye Jal?!

Wah, iki berita sing ra enak nggo wong Semarang utamane nggo para suportere PSIS Semarang alias tim Mahesa Jenar. Menurut berita ning koran Suara Merdeka dina Rebo, 20090506, PSIS dibubarke amarga kesulitan dana. Lha iki ki terus njur kepriye?! Piye jal?! Piye ki su?!

Ing kompetisi Indonesian Super League 2008-2009 iki PSIS emang ra kaya taun-taun sadurunge. Wis ora ana meneh sing jenenge pemain bintang. Hampir kabeh pemaine kuwi pemain enom lokal sing kurang pengalaman. PSIS uga ra entuk dana APBD amarga ana peraturan saka pemerintah. Nah, hal kuwi mau sing marakke PSIS kangelan dana lan ra isa tuku pemain sing apik-apik. Ora kuat neh nggo tuku pemain sing kaya Maman Abdurahman lan M Ridwan, apa meneh pemain sing kaya Julio Lopez apa Emanuel De Porras. Hasile PSIS ancur ra kaya taun-taun sadurunge. Posisine ning dasar klasemen lan Insya Allah degradasi.

Wis ngono kayane ana pihak-pihak sing pingin nggembosi PSIS. PSIS arep njaluk dana hibah saka APBD ditolak anggota dewan. Meh ngajukke penyertaan modal nggo PT Mahesa Jenar ra disetujui karo Pak Guberbur. Meh tanding ning Stadion Jatidiri wae ora diizinke karo Polda Jateng. Wis susah, tambah susah.

Akhire dina Selasa wingi tanggal 20090505, ketua umum PSIS sing uga wali kota Semarang, Sukawi Sukatarip, eh, Sutarip ngumumke yen PSIS dibubarke amarga duite management PSIS wis menipis. Keputusan iki jelas marai kuciwa para pemain, management, official, lan suporter PSIS. Tapi lha wis meh piye meneh? Kabeh yo kudu nrima lan memahami keputusan kuwi mau. Aku dewe sebagai wong Semarang lan pendukung PSIS uga kuciwa karo keputusan kuwi.

Jan-jane PSIS ket dicekel karo Bambang Nurdiansyah ki maine wis mayan. Tapi mbuh napa aku ra ngerti kok yo ra isa menang-menang ki lho. Nge-golke wae angel. Pemain-pemain enom yo ra pati elek-elek banget, lumayan lah, malah isa diomong akeh sing potensial. Nyatane ana loro pemain sing diundang mlebu Pelatnas Timnas Sea Games 2009. Masalahe kuwi kayane mung jam terbang para pemain enom kuwi mau isih kurang. Yen kemampuan para pemain enom mau terus diasah kuwi isa nggo modal PSIS ning kompetisi taun-taun ngarep.

Ah, ya wis lah… Karepe management PSIS wae. Sing penting PSIS tetep ning Semarang lan ora didol ning luar kota. Nek nganti didol ning luar kota berarti kuwi biadab!!

No comments: